Minggu, 24 Juli 2016

kesripahan lelayu

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kula Nuwun
Para pinisepuh, saha para pelayat kakung putri, ingkang satuhu luhuring budi.
Kaparengna kula minangkani keparengipun para putra ingkang kinen ngaturaken prentuling penggalihipun, hawit kaluwarga mboten kuwangang matur katemben kapambeng linimputan pedhuting kasungkawan, Ngaturi uningo sedanipun Bapak Munadi Sunarman kalawau enjing dinten Selasa Legi, surya kaping 26 April 2016 kirang langkung jam 00.30 WIK kanthi tentream, jalaran gerah sampun sawetawis wekdal, karawat hing panti roga Brayat Minulyo Surakarta  ginanjar yuswa 82 tahun, putra 4 saha wayah

Para pelayat ingkang utami hing budi
Para putra ingkang tinilar ngaturaken pambagya wilujeng saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, hawit panjenengan sampung kepareng karaya-raya merlokaken rawuh hanelaaken raos bela sungkawa lan paring pakumartan ingkang pungkasan. Karawuhan penjenengan saestu handamel lipuring panggalihipun Para putra ingkang tinilar

Mboten kesupen ugi ngaturaken sanget gunging panuwun dhumateng para sanak sedherek, tangga tepalih, mityra sutresna, ingkang sampun rila legawa, tulus iklas paring sih pambyantu ingkang awujud bahu suku, penggalihan iguh pratikel, bdha arta lan rerigen mrih prayoganing pangruki badhe pametaking layon, ingkang sadaya kalawau saestu saged ngirangi kesisahan saha karepotaning para putra ingkang tinilar . Ingkang kanthi punika para putra ingkang tinilar ngenggana mboten saged atur pinwales punapa-punapa, pramila namung kapasrahaken dhumateng gusti ingkang Maha Agung, mugi-mugi panjenengan sadaya pikantuka ganjaran ingkang langkung, samurwat kaliyan ngamal kasaenan panjenengan.

Salajengipun para putra ingkang tinilar nyuwun aken pangapunten sedaya kalepatanipun salami sunginpun sawargi Bapak Munadi Sunarman sesrawungan kaliyan panjenengan sadaya, lan hambok bilih saged ugi kagungan petangan badha arta, keparenga kersa sesambetan kaliyan kulawarga.

Para pelayat ingkang satuhu utami hing budi
Para putra ingkang tinilar nyuwun pamuji donga panjenengan sadaya, mugi-mugi ruhipun Bapak Munadi Sunarman sepisan, dipun apunten sadaya dosa kalepatanipun, kaping kalih tampi amal kasaenanipun. Kaping tiga, dipun paringi papan ingkang murwat nikmat, miwah kebah rahmat dening gusti ingkang Murbeng Dumadi.

Semanten ugi tumrap ingkang tinilar, tansah kaparingan iman iangkang teguh, sabar lan sumarah, iangkan satemah saged nindakaken pedamelan lan kewajibanipun piyambak kanthi sae.

Mboten kesupen para putra ingkang tinilar mawantu-wantu nyuwun sih angenging samodra pangaksama, hawit hanggenipun nampi karawuhan panjenengan kathah kekirangnipun hing bab palenggahan tatakrami lan sanes-sanesipun.

Hing wasana hambokbilik longgar hing penggalih saha sepen hing pambeng, panjenengan sedaya kasuwun ngutabaken bidhaling layon ngantos dumugining palereman ingkang pungkasan, hing pasareyan Bonoloyo
Wondene menawi kagungan kapreluan ingkang langkung wigatos, kunduripun ndherekaken wilujengan lan matur nuwun.

Waasalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar