Minggu, 24 Juli 2016

pambiworo pahargyan mantu

PAMBIWORO PAHARGYAN MANTU

I.              Hambuka Lampahing tatacara

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Kula nuwun
Para pinisepuh, sesepuh, saha para tamu kakung putri ingkang sedaya winengku ing pakurmatan
Keparengna jejer pambiwara badhe maosaken rancanganing lampah-lampah pahargyan dhaupipun penganten pun Rara Endah Restu Kumala putra pawestrinipun Bapa Sutarto sekaliyan, ingkang sampun tinangsulan sah kanthi satataning agami saha nagari, kaliyan pun Bagus Nur Waghyono putra turunipun Bapa Badani sekaliyan, ingkang pidalem ing tlatah .................................................... kalebet wewengkon .............................

Dene ijab khobul sampun kelampahan kanthi wilujeng rikala Dinten Minggu Pon surya kaping 29 . wulan Mei  warsa 2016 wonten ing Ngriyo Ngebusan RT 04 RW 02 Kestalan, Banjarsari, Surakarta

Minangka purwakaning atur, alngkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken, ngaturaken panuwun syukur kunjuk ing ngarsa dalem Gusti ingkang maha agung, bilih ing wanci dalu menika kula saha panjenengan saged manunggal wonten ing wisma pahargyan ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala
Dene sadaya nugraha ingkang sampun kapatedhakaken menika sumangga dipun tampi satemah saged handamel raos tentrem lahir trusing batos

Para tamu sinedhahan kakung saha putri
Lampahing tatacara ingkang kapisan, hangacari lenggahipun penganten putri wonten palenggahan ing sampun rinegga. Saksampunipun satata lenggah, lampahing tatacara ingkang sangka kalih, bidhaling utusan pamethuking pengaten kakung tumuju ing panti palereman

Saksampunipun penganten kakung rawuh, tumuli kalajengaken tatacata pasrah panampi, ingkang salajengipun penganten sekaliyan hanindakaken tatacara adat panggih. Purna lampahing tata cara adat panggih, pangenaten sekaliyan tumuli binoyong lenggah ing palenggahan rinengga saperlu hanindakaken tatacara krobongan

Lampahing tatacara ingkang angka tiga, hangacarani rawuhipun besan sakulawarga. Saksampunipun satata lenggah, penganten sekaliyan tumuli nyuwun tambahing donga pangestu ingkang ugi winastan tatacara sungkeman

Para tamu kakung saha putri ingkang sadaya winengku ing pakurmatan. Lampahing tatacara ingkang angka sekawan, Hatur pambagya rawuhipun para tamu.
Wondene tatacara ingkang pungkasan paripurnaning pahargyan ing wanci siang menika.
Mekaten para tamu kakung saha putri, pratelan lampah-lampah pahargyan ing wanci siang menika. Mugi purwa, madya, ngantos purnaning gati, Gusti ingkang Maha Agung tansah paring pangayoman.
Rayahu ingkang sami pinaggih ............. nuwun

II.           Penganten Putri Mijil/ Kalenggahaken
Para tamu kakung putri iangkang winengku ing pakurmatan
Sasmita ingkang kula tampi saking pangarsaning pahargyan, bilih salajengipun putri hanggenipun ngagem busana sampun kepareng paripurna, salajengipun badhe kalenggahaken wonten ing palenggahan rinengga
Menggah tatananing lampah, ngajeng piyambak patahing penganten hangger Esha saha hangger Faiz penganten putri kakanthi dening Ibu Dra. Sugiyanti Suwoto saha Ibu Rini Ashari
Lenggahipun penganten putri kinurmatan ungeling Ktw. Sekarteja SL. Myr... sumangga

III.        Bidhaling utusan methuk pengaten kakung
Para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing suka basuki saksampunipun penganten putri lenggah ing palenggahan rinengga, tumuli kinayatan bidhaling utusan methuk penganten kakung wonten ing panti palereman. Ingkang rinesaya hamethuk, Bapa Ashari Setya Raharjo bidhaling utusan kinurmatan ungeling Ldr. Kapang-kapang Pl. 6 . sumangga

IV.        Penganten kakung rawuh
Lulus raharja lampahing utusan pamethuking penganten kakung, salajengipun panganten kakung tumuli badhe rawuh wonten ing madyaning pahargyan ingkang menika keparenga Bapa Ashari Setya Raharjo samekta hangacarani rawuhipun. Praptahing penganten kakung kinurmatan ungeling Ldr. Wilujeng Pl. Br ...... sumangga

V.           Pasrah panampi
Rahayu wilujeng praptaning penganten kakung sapangiring, salajengipun badhe katindakaken tatacara pasrah panampi ingkang hamasrahaken Bapa Saimin Mustar Raharjo wondene ingkang kasuwun hanampi Bapa H. Fahrudin Suwoto MM jumenengipun kasumbul ing sawurinipun dening Bapa Sudarmin saha Bapa H. Rochmad murih kelampahaning sedya, dhumateng ingkang sampun piniji kula sumanggaaken .... nuwun

Salajengipun tumuli badhe katampi dening Bapa H. Fahrudin Suwoto MM  jumenengipun kasumbul ing sawurinipun dening Bapa Ali Wiyono Widyo Martono saha Bapa Heru Purwoko SE. sumangga

VI.        Panggih
Para tamu kakung saha putri ingkang utami ing budi lampahing tatacara pasrah panampi penganten sampun kelampahan kanthi wilujeng. Salajenipun panganten badhe hanindakaken tatcara adat panggih. Kasuwun nyawisaken uba-rampening panggih Rias Penganten Rani. kasuwun hangangthi penganten putri Ibu Ali Wiyono Widyo Martono saha Ibu Heru Purwoko SE.

Ingkang hanganthi penganten kakung Bapa Ali Wiyono Widyo Martono saha Bapa Heru Purwoko SE. ngasta beri isi slindur Rara ............................ Wondene ingkang kasuwun hamanggihaken penganten nyuwun keparengipun Rias Penganten Rani

Para tamu kakung putri, sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken paring pakurmatan panggihing penganten kanthi lenggah kemawon.  Panggihing penganten kinurmatan ungeling embaning gangsa kothok ngorek... sumangga

Para tamu kakung  saha putri
Penganten sarimbitsampun kasingepan slindur, salajengipun tumuli binoyong lenggah ing palenggahan rinegga kanthi hanglaras maya tindakipun

VII.     Krobongan
Para tamu sinedhahan kakung saha putri
Saksampuninpun penganten binoyong lenggah ing palenggahan rinengga, tumuli badhe hanindakaken lampahing tatacara adat krbongan. Tata cara krobongan menika mangke dumadi saking bobot timbang, kacar-kucur saha dhahar sekui penganten
Kasuwun nyawisaken ubarampe Ibu Suhadi  saha Ibu ..................... kasuwun mratitisaken lampahing tatacara, kula sumanggaaken dhumateng Rias Penganten Rani. lampahing tatacara kinurmatan ungeling Ldr. Sri Widodo Pl. Br... sumangga
VIII.  Besan rawuh/ Mertuwi
Para tamu kakung putri ingkang satuhu luhuring budi
Bilih sampun sawetawis kadang bedan hanggenipun hangratun ing panti palereman, salajengipun tumuli badhe hamertuwi putri ingkang kapahargyan ing dalu punika. Kasuwun hangacarani rawuhipun besan sekaliyan, Bapa Sunarno sekaliyan. Ngaturi jumenengipun ingkang hamengku damel nyuwun keparengipun Bapa D. Sri Sujendro, S.Pd sekaliyan. Rawuhipun besan kinumatan ungeling Ldr. Tirta kencana Pl. 6 ... sumangga

IX.        Pandonga
Para tamu kakung putri ingkang winwngku ing suka basuki
Tatacara salajengipun pandonga, ingkang siang menika badhe katindakakaken dening Bapa Fauzan kasumanggaaken . nuwun

X.           Sungkeman
Para tamu sinedhahan kakung saha putri
Sasampunipun kadang besan satata lenggah woten ing palanggahan ingkang sampun kasampataaken, penganten sekaliyan daya nyuwun tambahing donga pangestu, hangganipun badhe miwiti lelumbah wonten alaming bebrayan agung sumungkem ing pepadaninpun ingkang rama dalasan ibu.
Dhumateng Rias Penganten Rani  kasuwun hamratitisaken lampahing tatacara sungkemanipun penganten. Wondene ingkang kasuwun hanglolos dhuwungipun penganten kakung Bapa Sumaji Mulyo Raharjo
Lampahing tatacara sungkemipun penganten sekaliyan kinurmatan ungeling Ldr. Mugi Rahayu Sl. Myr/ Rerepen Asmaradana .... sumangga

XI.        Hatur Pambagya
Mekaten babaring beksan ingkang sampun kahaturaken dene panyaruwe saha pangalembana kula sumanggaaken dhumateng panjenengan sdaya

Para tamu sinedhahan kakung sana putri
Minangka jengkeping subasita lan tatakrama, Bapa Sutarto sekaliyan badhe ngaturaken pambagya wilujeng menggah karawuhan panjenengan sadaya. ing ri kalenggahan menika badhe dipun salirani dening Bapa D Sri Sujendro. S.Pd jumenengipun kasumbul ing sawurinipun dening Bapa Sarino saha Bapa Triyono Adi S/ Bapa Joko Suyono kasuwun hanjumenengaken penganten sekaliyan saha ingkang sami bebesanan kula sumanggaken dhumateng Bapa/Ibu Sunarno BSC saha Ibu .......................... murih kelampahanipun, dhumateng ingkang sampun piniji kasumanggakaen ... nuwun

Mekaten para tamu, haturipun Bapa Sutarto Sekaliyan ingkang sampun dipun salirani dening Bapa D Sri Sujendro, S.Pd

XII.     Purnaning Pahargyan
Para tamu kakung saha putri, ingkang winengku ing pakurmatan
Sasmita ingkang kula tampi saking pangarsaning pahargyan, bilih pahargyan ing wanci siang menika sampun kepareng paripurna. Salajengipun ingkang kasuwun hanjengkaraken penganten sekaliyan saking keparengipun tumuju ing sangajenging wisma pahargyan, nyuwun keparengipun Bapa Ali Wiyono Widyo Martono sekaliyan, saha kasuwun ngaturi ingkang sarmi bebesanan Bapa Badani sekaliyan
Jengkaripun penganten kinurmatan ungeling Ldr. Tedhak saking Pl. Br. Wondene kunduripun para tamu kinurmatan ungeling Ldr. Gleyong Pl. 6 Sumangga

XIII.  Panutuping Pambiwara
Para tamu kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi
Dene kula minangka jejring pambiwara nglenggana, kathah hatur kula ingkang mboten hamdamel renenag penggalih saha kathah kekiranganipun, kula nyuuwn agunging samodra pangkasama.
Kunduripun para tamu kinanthenan sesanthi rahayu ingkang sarai pinaggih lan suka rena, wassalamu’alaikum wr. Wb
Nuwun.




PAMBIWARA PASRAH PANINGSET/ IJAB QOBUL

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kula nuwun
Para tamu dinedhahan kakung putri ingkang sadaya winengku ing pakurmatan

Minangka purwakaning atur, alngkung rumiyin sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken, ngaturaken panuwun syukur kunjuk ing ngarsa dalem Gusti ingkang maha agung, bilih ing wanci enjing menika kula saha panjenengan saged manunggal wonten ing wisma pahargyan ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala
Dene sadaya nugraha ingkang sampun kapatedhakaken menika sumangga dipun tampi satemah saged handamel raos tentrem lahir trusing batos

1.             Maos Lampah-Lampah
Para tamu kakung saha putri, ingkang sadaya einengku ing pakurmatan. Keparengna jejer pambiwara bdhe maosaken lampahing tatacara pasrah penampi paningset, bahe dhaupipun Rara Endah Restu Kumala  kaliyan Bagus Nur Wahyono Dhumateng kadang Wira pradangga/ panta pita , mugi keparenga hangungelaken Ktw. Mijil wigaringtyas Pl 6 ... sumangga

Katentrem tuwin karahayon hawit Sih-ipun Gusti iangkang maha Agung mugi tansah hanglimputana wonten hing madyaning pepanggihan ing wanci siang punika

Para tamu kakung saha putri, menggah lampahing tatacara pasrah penampi paningset ing wanci siang punika, ingkang kapisan, pasrah saha panampining paningset. Ingkang angka kalih, hangacarani lenggahipun badhe penganten putri, kalenggahan wonten ing palenggahan rinengga.

Sasampunipun satata lenggah, badhe penganten sekaliyan tumuli hanindakaken tatatcara ijab qobul.
Purna lampahing tatacara Ijab Qobul, Kalajengaken liru Kalpika, seser paningset.
Mekaten para tamu kakung saha putri, rancanganing lampah-lampah pasrah penampi paningset ing wanci enjang punika. Mugi Purwa, madya, ngantos purnaning gati, gusti ingkang Maha Agung tansah paring pangayoman sekeca lenggahipun ... nuwun

2.             Pasrah Panampi Peningset
Para tamu sinedhahan kakung saha putri
Saksampunipun satata lenggah ing samudayaning, lampahing atatcara ingkang kapisan tumuli badhe kawiwitan, kanthi tatacara pasrah panampining paningset. Ingkang badhe hamasrahaken Bapa Sudarmin kasuwun hanampi nyuwun keparengipun Bapa Drs. H. Fahrudin Suwoto MM dhumateng ingkang sampun piniji kula sumanggaaken.

Saksampunipun, tumuli badhe katampi dening Bapa Drs. H. Fahrudin Suwoto MM sumangga

3.             Badhe Penganten Putri Kalenggahaken
Lulus raharja lampahing atatcara pasrah panampi, lampahaning tatacara salajengipun hanglenggahaken badhe penganten putri wonten ing palenggahan rinengga. Dumateng Ibu Dra Sugiyanti Suwoto saha Ibu Rini Ashari kasuwun hanganthi badhe penganten putri kalenggahaken wonten ing palenggahan rinengga.
Lenggahipun badhe penganten putri kairing ungeling Ktw. Puspawarno Sl. Myr. .... sumangga

4.             Tata Cara Liru Kalpika
Para tamu kakung saha putri ingkang winengku ing suka basuki
Saksampunipun badhe penganten putri lenggah, tatacara salajengipun bahde Penganten sekaliyan tumuli badhe hanindakaken tatacara liru Kalpika. Ingkang menika dhumateng Ibu Dra Sugiyanti Suwoto kasuwun hamratitisaken lampahing tatacara. Wondene lampahing tatacara kinurmatan ungeling Ktw. Santi Mulya Pl. 5 ... sumangga

5.             Purnaning Pambiwara
Para tamu kakung saha putri
Dene kula minangka jejering pambiwara ing siang menika nglenggana, kathah atur kula ingkang mboten handamel reneaning penggalih saka kathah kekiranganipun, kula nyuwun agunging samodra pangaksama.
Konduripun para tamu kinanthenan sesanthi rahayu, rahayu ingkang sami pinanggih lan suka rena

Wabilahi toufiq walhidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar