Senin, 29 Agustus 2016

Hambiwaraaken kesripahan lelayu

HAMBIWARAAKEN
KESRIPAHAN LELAYU


1.        Hambuka Lampah-lampah
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Innalilahi wa inna illaihi roji’un

Kula nuwun,
Sih rahmat saha tentrem rahayu saking Gusti ingkang Maha Asih, mugi tansah kapatedhakna dhumateng panjenengnan sadaya lan kula.

Para pelayat kakung saha putri, ingkang sadaya winegku hing pakurmatan ngaturi uninga bilih kalawau......................, dinten ........................ surya kaping, ................ warsa .................. kirang langkung jam .................... WIK. Bapak/Ibu ........................... sampun netepi timbalanipun pangeran, ingkang dipun sarani nandang roga sawetawis wekdal. Dene Bapak/Ibu ................. pinaringan yuswa kirang langkung .......... tahun hanilar garwa ........... putra .......... saha wayah .............
Bilih sampun karembag dening para kulawarga layoninpun Bapak/Ibu ............. badhe kapetak wonten ing sasana laya ...................

Para pelayat kakung saha putri ingkang winengku hing pakurmatan.
Menggah rancanganing lampah-lampah pangruktining layon, ingkang sepisan Nyolataken layonipun Bapak/Ibu ................ ingkang sampun samapta wonten salebeting pethi laya, ingkang angka kalih, waosan riwayat ringkes kalajengaken tatacara hatur pambagyo rawuhipun para pelayat sadaya, lampahing tatacara salajengaken, tanggap wara panglipur, wondene tatacara ingkang pungkasan brobosan kalajengaken bidhaling layon
Mekaten para pelayat kakung saha putri, rancaaning lampah-lampah pangkruktining layon sawargi Bapak?ibu .............. mugi purwa, madya ngatos saparipurnaipun mangke, Gusti ingkang maha Agung tansah paring pangayoman ... nuwun.

2.        Hamiwiti Lampahing Tatacara
Para paring bela sungkawa kakung putri, ingakng satuhu luhuring budi
Handungkap lampahing tatacara ingkang sepisan, nyolataken layonipun sawargi Bapak/Ibu ............... ingkang pungkasan, hambok bilih para paring bela sungkawa karenan ing penggalih kapareng badhe hanyengkuyung solah jenazah, suwarwi kula dherekakane ................ sumangga.

3.        Waosan Riwayat Ringkes
Para pelayat kakung putri ingkang winengku hing pakurmatan
Sampung kepareng paripurna lampahing tatacara ingkang kapisan, nyolataken layonipun sawargi Bapak/Ibu ......... menggah lampahing tatcara salajengipun, qwosan riwayat ringkes sugengipun Bapak/Ibu ........... dening Bapak ...... sumangga

4.        Hatur Pambagyo
Para paring bela sungkawa kakung saha putri, sapurnaning tatacara waosan riwayat ringkes, tumuli badhe kalajengaken hatur pambagyo rawuhipun para pelayat kakung sah putri, gedandhengan hing wekdal punika Bapak/Ibu .............. kalimput hing pepeteng, kapedhotan katrisnan minangka esuhing brayat, ingkang kanthi punika Bapak/Ibu ................. mboten kuwawi matur piyambak wonten hing ngarsa panjenengan sadaya, hing ri kalenggahan punika badhe dipun salirani dening Bapak/Ibu .................. jumenengipun kasumbul hing sawurinipun dening Bapak ..................... saha Bapak .................
Murih kalempahaning sedaya, dhuamteng ingkang sampun piniji kula sumanggaken.

5.        Tanggap Wara Panglipur
Mekaten para pelayat kakung putri, haturipun Bapak/Ibu…………………. Ingkang kasalira dening Bapak/Ibu ………… menggah lamapahing tatacara salajengipun, tanggap wara panglipur, ingkang kapisan badhe kawiwitan saking ageng bebrayan ing wewengkon Klaurahan/ Dusun ………. Ingkang badhe kasalira dening Bapak/Ibu ………………. Sumangga.
Tanggap wara kapisan

Tanggap wara panglipur ingkang angka kalih, saking kulawarga ageng ………… ing samanegke badhe kahaturaken dening Bapak ……. Sumangga.


6.        Nguningani Pasuryanipun Layon Ingkang Pungkasan
Para paring bela sungkawa ingkang winantu hing pakurmatan
Menggah lampahing tatacara salajengipun, nguningani pasuryanipun sawargi Bapak/Ibu ……….. ingkang pungkasan, ingkang sampun samapta wonten hing salebeting pethi Layton. Nyuwun dhumateng para pelayat kakung saha putrid miwah para sanak kadang ingkang taksih kapareng badhe nguningani pasuryan layonipun sawargi Bapak/Ibu  …………. Kula dherekaken manjing wonten hing pendhgapi. Dene menawi karaos smpun cekap, pethi layon tumuli badhe kakacing …. Sumangga.

7.        Brobosan
Para pelayat ingkang paring bela sungkawa, ingkang satuhu luhuring budi.
Satunggal baka satunggal lampahing tatacara pangtuktining layon sampun linangkungan. Saderengipun layon kadhalaken dhateng pasareyan …………….. kulawarga ingkang tinilar badhe hanindakaken tatacara brobosan, ingkang badhe kapratitisaken dening Bapak/Ibu ……………………… dhumateng para mudha tamaruna ingkang sampun kapiji samekta bdhe hangasta pethi layon saking ndalem nganton dumugi pelataran, kula sumanggaaken, saperlu dipun wontenaken tatacara brobosan, ingkang salajengipun tumuli kapapanaken hing rata layon/ ambulan …….. sumangga.

8.        Bidhaling Layon
Para pelayat kakung saha putrid, ingkang winengku hing pakurmatan.
Bidhaling layon tumuju dhateng sasana laya …………. Hambok menawi wonten keparengipun pelayat hangiring ngantos dumugi pasareyan.
(kulawarga hamung hatur pasudiyan tithan bus cacah kalih)
Wondene menawi mboten saged nguntabaken jalaran kapambeng ing kapreluan sanes, kunduripun ndhereaken wilujeng lan matur nuwun.
Dene urut lampahing layon, saking dalem duhkita tumuju dhateng pasareyan. Layon saking dalem duhkita medal manengen/ mangiwa dumugi ………… tumuli menggok manengen/ mangiwa nganton dumugi hing pasareyan ………….

9.        Panutupng Pambiwara
Para paring bela sungkawa kakung saha putrid
Dene kula ingkang kadhawuhan hambiwaraaken lampahing tatacara pangruktining layon, nglenggana kathah atur kula ingkang mboten handamel renaming penggalih, kula nyuwun anggunging samodra pangaksama. Kula katheni sesanti, rahayu lampahing layon, rahayu brayat ingkang tinilar, tentrem ingkang sowan/ marak hamaris basuki

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun







Tidak ada komentar:

Posting Komentar